Khasiate Lidah Buaya


Wektu iki wis dadi trend masyarakat modern marang alam,antara liya kanthi migunakakae tanaman minangka obat klebu ing kene lidah buaya utawa basa Latine Aloe Vera.Ing negara maju kayata Amerika , Australia, lan negara-negara ing Eropa, lidah buaya dipigunakake kanggo bahan baku industri lan omben-omben kesehatan. Ing Indonesia uga wis akeh kang padha mbudidaya Lidah Buaya. Wilayah penghasil lidah buaya kang paling jembar yaiku Kalimantan Barat (Pontianak ), kutha Lidah Buaya.
Adhedasar paneliten, godhong lidah buaya bisa dipigunakake minangka anti inflamasi utawa peradangan, anti jamur, anti bakteri, lan regenerasi sel . Kejaba iku lidah buaya uga duweni khasiat ngudunake kadar gula sajrone getih kanggo panandhang diabetes. , ngontrol tekanan getih, ngrangsang kekebalan awak ngadhepi serangan lelara kanker, sarta dipigunakake minangka nutrisi pendukung tumrap panandhang HIV. Lidah buaya uga mbiyantu nyegah encok utawa rematik lan ngurangi peradangan panggonan persendian lan sing wis kita sumurupi lidah buaya nyegah rontoking rambut lan nambani tatu.
Menawa ing ndalem ana tanaman lidah buaya ora perlu bingung yen golek obat tatu. Kanggo nambani ambeien utawa wasir lan radang tenggorokan uga bisa.Olehe migunakakae bisa wujud bahan seger utawa bahan dadi kayata kapsul, jus pasta utawa makanan lan minuman kesehatan. Kembang lan akare uga duweni khasiat kanggo ngobati lelara. Yaiku tatu memar lan muntah getih. Akare nduweni khasiat minangka obat cacing tamba sembelit. Gen lidah buaya uga nduweni kasiat ngatasi gangguan pencernaan, ngatur keasaman lambung, ngundhakake kinerja lambung,gangguan panggonan usus liyane. Bageyan kang duweni khasiat obat utamane yaiku cairan bening kaya jeli.