Kekerasan


Aja gampang nindakake kekerasan,awit korban bisa nglapurake marang pulisi ,kaya kang kasebut ing pasal 26 Undang-Undang kasebut. Kejaba iku, pidana kang bakal tumiba marang pelaku uga abot. Miturut pasal 44, pelaku bisa kena ancaman pidana kunjara lawase 5 taun utawa denda Rp 15.000.000,-.Malahan yen nganti korban nandhang lara utawa tatu abot, bisa dipidana nganti 10 taun utawa denda akeh-akehe Rp 30.000.000,-. Menawa nganti njalari pepati ukuman 15 taun kunjara utawa denda Rp 45.000.000,-.Dene menawa ora nuwuhake lelara utawa alangan kanggo nindakake jabatan uatawa pakaryan ,dipidana paling suwe 4 sasi utawa denda Rp 5000.000,-.. Sabanjure pasal 45 nyebutake menawa tumidak kekerasan kang asipat psikis ana sajrone rumah tangga dipidana paling suwe 3 taun utawa mbayar denda Rp 9.000.000,-. Menawa nuwuhake lelara dipidana 4 sasi utawa denda Rp 3.000.000,-.

Kekerasan seksual bisa dipidana paling suwe 12 taun utawa denda Rp 36.000.000,-.   Ing pasal 47 disebutake, Saben wong kang meksa wong kang manggon ing omahe nindakake sesambungan seksual bisa dipidana kunjara paling cendhek 4 taun,lan paling suwe 15 taun utawa denda paling sethithik Rp 12.000.000,- lan paling akeh Rp.300.000.000,- Ing pasal 48 disebutake, menawa tindak kekerasan seksual kasebut njalari tatu kang abot marang korban lan ora bisa diusadani, utawa njalari gangguan pikiran utawa kejiwaan nganti 4 minggu terus-terusan utawa sajrone setahun nanging ora terus-terusan;gugure utawa matine janin kang ana kandhutan;utawa njalari alat reproduksi ora bisa berfungsi ,dipidana kunjara paling cendhek 5 taun lan paling suwe 20 taun utawa denda paling sethithik Rp 25.000.000,-lan paling akeh Rp 500.000.000,-. Tumindak gawe wong liya sajrone rumah tangga dadi terlantar (kapiran ) bisa dipidana kunjara paling suwe 3 taun lan denda paling akeh Rp 15.000.000,-. Kamangka dheweke wis kaiket dening ukum utawa perjanjen bakal nguripi utawa ngopeni wong kasebut.